Wednesday, July 28, 2010

Awal-awal nganggo jilbab

Aku (tumini) udu anake kyai,apa keturunan kyai,aku cuma anake tukang kayu lan buruh tandur sing agamane pas-pasan.Keluargaku keluarga besar,nek wayaeh mangkat ngaji,kakangku mesthi ngubrak-ubrak adi-adine kon pada mangkat ngaji.
Aku seneng ngaji nang langgar ngarep umah,guru ngajine galak tapi guli ngajar mantep banget.
Kelas papat SD aku kataman,rasane seneng... banget,soale pas jamane aku rata-rata kelas 6 Sd nembe katam Alqur'an.
Rasa senengku ora sebanding karo rasa senenge rama biyungku,Alhamdulillah pas kataman aku di rame-rame bareng-bareng karo batire,numpak dokar keliling desa banjarlope tempate aku lair.
Ramaku mesem terus,biyungku ya mesam-mesem bae,ceritane seneng pisan akhire anake bisa katam Alqur'an,kabeh kue juga atas jasane kakang-kakangku sing tlaten ngubrak-ubrak aku mangkat ngaji (kesuwun kang).

Tamat SD aku kepingin banget mlebu pondok pesantren karo kanca dolanku aziz,tapi genah adiku akeh tur rama biyungku mung tani biasa,ya aku cuman bisa kepengin-kepengin thok.
ahire aku mlebu aring SMP Muhammadiyah,kebetulan salah siji guru SMP ku kue guru ngajiku nang langgar (pak mahfudz),akeh untunge aku sekolah nang Muhammadiyah,aku dadi bisa apalan Alqur'an,tiap wengi aku dites nang guru ngajiku apalan2 Alqur'an,mandan sebel jan-jane,tiap ana apalan Alqur'an nang sekolahan aku mesthi di tunjuk pertama dewek nang pak mahfudz,tapi alhamdulillah.. aku bisa lolos,senajan deg-degan ra ketulungan,padahal pendak dina ketemu pak mahfudz,tapi tiap kon maju apalan aku mesthi gemeter lan deg-degan ra karu-karuan.

Rong wulan mlebu SMP,aku mulai ngerti wajibe wong wadon nganggo jilbab,tepate pas aku kon ngapalna QS Al-ahzaab ayat 59,mbuh nangapa aku kepengin pisan nutup aurat,jilbaban ora mung nek sekolah thok,tapi wektu kue aku ora duwe baju muslim,kejaba baju lewian lebaran.
Aku pamitan,matur karo rama lan biyung nek aku arep jilbaban,ramaku setuju jere sing penting aku nyaman,biyungku ya setuju malah nawani kon nganggo klambine biyunge.Jamane aku SD aku kaya cah lanang,senenge kaos karo kathok pendek,dadi ora duwe klambi dawa-dawa.

Pertama aku jilbaban,Astaghfirullah... panase ora ketulungan,panas pisan,sumuk,apa maning pas aku kon mangkat ngasag aring sawah melu kakange biyungku,aku kepengin banget nangis...
"ya Allah.. panas temen,apa enggane aku ora kuat,ya Allah... aku kepengin blajar dadi wong mandan bener,tulung wei aku kekuatan ya Allah..." tiap dina aku cuma ndonga kaya kue,saking kepengine jilbaban.Kebetulan nang desa banjarlope aku gadis pertama sing nganggo jilbab,tiap aring warung aku mesthi diomong nang wong "apa ora panas... tum" ora mung wong siji loro sing nakoni aku,tapi aku mung mesem,jalan 6 wulan jilbaban aku mulai ngrasakna nyamane,adem.. wis ora tulung2 kepanasen (alhamdulillah) aku ya seneng kulitku dadi mandan melek,sing maune ireng thuek dadi mandan mloes sipet,wong-wong sing maune nyindir2 ya dadi seneng nyawang aku jilbaban,malah sering ngelingna nek aku pas ora jilbaban nang ngarep ngumah "tum,deng ora jilbaban."

Aku juga duwe kenangan maen pisan tentang jilbab,pas lebaran nang SMP ana acara halal bihalal,aku mangkat numpak montor CDI abang montore ramane,nang ndalan rame banget wong pada plesiran,pas nang prapatan ana preman siap karo kaleng sing kon diingseni receh,pokoke sapa sing liwat prapatan mesthi di adang kon ngleboni receh,pas aku liwat aku wedi pisan soale aku ora nyekel diut,ora disangka nek preman kue malah mempersilahkan aku liwat "assalamu'alaikum" monggo mba.. ati-ati... Alhamdulillah.. plong rasane atiku..kue bukti nek wong jilbaban ora diganggu,aku dadi tambah yakin karo ayat 59 Al-ahzaab.
ya kaya kue ceritane aku awal-awal nganggo jilbab,ya wis ya lur.. sapa sing wis niat jilbaban ndang cepet2 aja nunggu engko-engko,soale nyawa menungsa kuwe ora ana sing ngerti kejaba sing gawe urip.

Friday, July 23, 2010

"LURAHKU BERSIH,WARGA MAKMUR LAN SUBUR"

Tumini wis sepuluh taun urung tau balik aring kampunge dewek,tumini ora balik udu karena minggat aring luar negri,tapi tumini anu transmigrasi aring Irian jaya.
Tumini sing ora patia ayu kulit ireng manis, mandan seneng nang irian jaya,soale nang irian jaya tumini dadi kaya bidadari,jan moles dewek,ayune ora patut.Dirasa uwis cukup guli buara,tumini balik maring kampung.
Kampunge jenengane kampung "subur"
Tumini transmigrasi karo keluargane,tapi keluargane pada balik nggasiki,pas limang taun rama biyunge balik maring kampung subur,tumini dewekan nang irian jaya ngurusi dagangane sing lumayan lancar.

"yung.... enyong seneng weruh desa subur,wargane pada makmur,umah pada megah2 kaya istana,tapi aku nlangsa yung..."
"kowe nlangsa nang ngapa sih tum....?"
"umah pancen megah,tapi jan langgar suwung,ora tau ana sing ngingseni,kejaba keluargane kyaine."
"aja dipikir,kue tuli urusane wong dewek-dewek"
"jan-jane enyong ora mikir yung,tapi kepikir jan,apa enggane wong urip mung nggo nggolet dunya thok."
"nek pancen arep mikir,tuli luraeh sing mikir" biyunge semaur sekenane karo napeni beras,berase akeh watune.
"Luraeh siki sapa yung..." tumini urung puas karo jawabane biyunge.
"Luraeh,bau'ne,carike wis ganti kabeh,ora ketang RT/RW."
"Arep ngapa kowe bocah wedon ,aja ngurusi kaya kue'an" ramane melu nimbrung karo udud lintingan kebul-kebul ngungkuli ublesse pawon'ne biyunge.
"rama.. Rika apa ora kepengin weruh desa subur kue bener2 subur makmur" tumini njejeri ramane sing agi udud lintingan.
"Emange kowe bisa ngapa tum,sekolah SD be ora tamat.."
"asal rika Ridho,karo biyunge InsyaAllah gusti pangeran aweh dalan aring enyong ma.."
"ya ngonoh karepmu,sing penting siji pesen'ne ramane,aja grasa grusu,wis kue thok."

Tumini nyengir-nyengir ulih persetujuan kang rama biyunge,wengi kue juga,tumini aring umaeh Luraeh,kanggo ngrembug masalah warga,sing ora karauan,bujangane kerjane topi miringan... langgare kosong blong,cah cilik pada doyan udud,beda pisan karo jamane Tumini gemiyen.
"kulo nuwun..."
"Monggo..."
"Bu.. pak lurah nang ngumah apa ora ya bu...?"
"ya ana.. kowe apa anake kaki setra sing nembe balik kang Irian..?"
"iya bu.. bener,aku aring ngeneh anu ana perlu karo Luraeh."
"engko ya. tek celuk kena" bu lurah mlebu nyeluk pak lurah sing jerene agi nonton TV

@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@

"Pak... enyong njaluk ngapura nek enyong ora sopan wengi-wengi dolan ngeneh"
"ya.. ora papa,wong bapak be anu agi nonton tv,anu ana apa yah..." luraeh mandan bingung.
"kaya kiye pak,jujur baen ya,enyong nlangsa weruh desaku sing gemiyen adem ayem,subur siki malah sewalike,umah pancen megah2,tapi wargane ora adem ayem."
"bujang nggal wengi tulung-tulung turur ndalan pada topi miringan,bocah cilik-cili pada udud,langgar kosong blong,enyong nlansa pisan pak,apa rika sebagai Lurah ora ana usaha,kepriwe carane ben warga pada urip sing bener,,?"

Luraeh meneng bae,bingung arep ngomong apa...
"hhuuuuufff... kaya kie tum,jan-jane Lurah,bau,carik,karo RT/RW kuwe wis pernah ngrembung masalah kiye,aweh kerja'an pemuda2,tapi genah ora ana sing mangkat,ujarku nek ana kerja'an kan pada sibuk kerja,wengine kesel pada turu,ora pada kluyuran karo nginumi topi miring."
"oh..kaya kuwe,apa wis tau njajal cara liyane pak..?"
"apa sih.. apa kowe ana cara liyane tum..?"
"kaya kiye pak... yawene bapak kan wis nganggur,nangapa bapak ora ngaji aring langgar,dadi contoh sing maen,rampung ngaji aweh cramah,kan warga ndeleng,Luraeh be ngaji masa wargane ora,kaya-kayane ya mandan pasah,carike,baune,RT/RW disengi aring langgar,sekeluarga kabeh.
trus anakna kerja bakti sing rutin seminggu sepisan,gawe kumpulan karang taruna,pemuda-pemuda wei kepercaya'an kon ngurusi,ben mandan ngara kanggo nggawe kata kuwe.

luraeh manggut-manggut karo ngelus2 jenggot sing mandan dawa."omonganmu mandan bener tum,pancen aku ora tau aring langgar,mulane aku ora kepriwe2 weruh langgar kosong,enyong isin karo kowe tum"
"aja kaya kuwe pak,biasa bae karo enyong pak.."
Keperluane wis rampung tumini pamit balik,esuke Luraeh ngumpulna warga nang bale desa,ngumuna kerja bakti rutin seminggu sepisan,karo gawe kumpulan karang taruna,sing diwei kepercaya'an bocah nom-nom,bener omongane tumini,bocah nom-nom pada seneng ulih kepercaya'an kang Luraeh.
Luraeh juga mbukak warung kusus go warga,diurus nang bocah nom-noman,regane lewih murah kang warung-warung,kusus adol beras karo lenga jawa thok.
Desa subur wis mulai subur,ketambahan Luraeh karo baune,CARIKE rt/rw rajin ngingsi langgar,warga sing maune mung ngintip ya dadi melu-melu ngaji,Alhamdulillah...
desa subur bener2 subur,kuwe kabeh karena Luraeh bersih,karo kerja samane carike,baune lan RT/RW.