Friday, July 23, 2010

"LURAHKU BERSIH,WARGA MAKMUR LAN SUBUR"

Tumini wis sepuluh taun urung tau balik aring kampunge dewek,tumini ora balik udu karena minggat aring luar negri,tapi tumini anu transmigrasi aring Irian jaya.
Tumini sing ora patia ayu kulit ireng manis, mandan seneng nang irian jaya,soale nang irian jaya tumini dadi kaya bidadari,jan moles dewek,ayune ora patut.Dirasa uwis cukup guli buara,tumini balik maring kampung.
Kampunge jenengane kampung "subur"
Tumini transmigrasi karo keluargane,tapi keluargane pada balik nggasiki,pas limang taun rama biyunge balik maring kampung subur,tumini dewekan nang irian jaya ngurusi dagangane sing lumayan lancar.

"yung.... enyong seneng weruh desa subur,wargane pada makmur,umah pada megah2 kaya istana,tapi aku nlangsa yung..."
"kowe nlangsa nang ngapa sih tum....?"
"umah pancen megah,tapi jan langgar suwung,ora tau ana sing ngingseni,kejaba keluargane kyaine."
"aja dipikir,kue tuli urusane wong dewek-dewek"
"jan-jane enyong ora mikir yung,tapi kepikir jan,apa enggane wong urip mung nggo nggolet dunya thok."
"nek pancen arep mikir,tuli luraeh sing mikir" biyunge semaur sekenane karo napeni beras,berase akeh watune.
"Luraeh siki sapa yung..." tumini urung puas karo jawabane biyunge.
"Luraeh,bau'ne,carike wis ganti kabeh,ora ketang RT/RW."
"Arep ngapa kowe bocah wedon ,aja ngurusi kaya kue'an" ramane melu nimbrung karo udud lintingan kebul-kebul ngungkuli ublesse pawon'ne biyunge.
"rama.. Rika apa ora kepengin weruh desa subur kue bener2 subur makmur" tumini njejeri ramane sing agi udud lintingan.
"Emange kowe bisa ngapa tum,sekolah SD be ora tamat.."
"asal rika Ridho,karo biyunge InsyaAllah gusti pangeran aweh dalan aring enyong ma.."
"ya ngonoh karepmu,sing penting siji pesen'ne ramane,aja grasa grusu,wis kue thok."

Tumini nyengir-nyengir ulih persetujuan kang rama biyunge,wengi kue juga,tumini aring umaeh Luraeh,kanggo ngrembug masalah warga,sing ora karauan,bujangane kerjane topi miringan... langgare kosong blong,cah cilik pada doyan udud,beda pisan karo jamane Tumini gemiyen.
"kulo nuwun..."
"Monggo..."
"Bu.. pak lurah nang ngumah apa ora ya bu...?"
"ya ana.. kowe apa anake kaki setra sing nembe balik kang Irian..?"
"iya bu.. bener,aku aring ngeneh anu ana perlu karo Luraeh."
"engko ya. tek celuk kena" bu lurah mlebu nyeluk pak lurah sing jerene agi nonton TV

@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@@

"Pak... enyong njaluk ngapura nek enyong ora sopan wengi-wengi dolan ngeneh"
"ya.. ora papa,wong bapak be anu agi nonton tv,anu ana apa yah..." luraeh mandan bingung.
"kaya kiye pak,jujur baen ya,enyong nlangsa weruh desaku sing gemiyen adem ayem,subur siki malah sewalike,umah pancen megah2,tapi wargane ora adem ayem."
"bujang nggal wengi tulung-tulung turur ndalan pada topi miringan,bocah cilik-cili pada udud,langgar kosong blong,enyong nlansa pisan pak,apa rika sebagai Lurah ora ana usaha,kepriwe carane ben warga pada urip sing bener,,?"

Luraeh meneng bae,bingung arep ngomong apa...
"hhuuuuufff... kaya kie tum,jan-jane Lurah,bau,carik,karo RT/RW kuwe wis pernah ngrembung masalah kiye,aweh kerja'an pemuda2,tapi genah ora ana sing mangkat,ujarku nek ana kerja'an kan pada sibuk kerja,wengine kesel pada turu,ora pada kluyuran karo nginumi topi miring."
"oh..kaya kuwe,apa wis tau njajal cara liyane pak..?"
"apa sih.. apa kowe ana cara liyane tum..?"
"kaya kiye pak... yawene bapak kan wis nganggur,nangapa bapak ora ngaji aring langgar,dadi contoh sing maen,rampung ngaji aweh cramah,kan warga ndeleng,Luraeh be ngaji masa wargane ora,kaya-kayane ya mandan pasah,carike,baune,RT/RW disengi aring langgar,sekeluarga kabeh.
trus anakna kerja bakti sing rutin seminggu sepisan,gawe kumpulan karang taruna,pemuda-pemuda wei kepercaya'an kon ngurusi,ben mandan ngara kanggo nggawe kata kuwe.

luraeh manggut-manggut karo ngelus2 jenggot sing mandan dawa."omonganmu mandan bener tum,pancen aku ora tau aring langgar,mulane aku ora kepriwe2 weruh langgar kosong,enyong isin karo kowe tum"
"aja kaya kuwe pak,biasa bae karo enyong pak.."
Keperluane wis rampung tumini pamit balik,esuke Luraeh ngumpulna warga nang bale desa,ngumuna kerja bakti rutin seminggu sepisan,karo gawe kumpulan karang taruna,sing diwei kepercaya'an bocah nom-nom,bener omongane tumini,bocah nom-nom pada seneng ulih kepercaya'an kang Luraeh.
Luraeh juga mbukak warung kusus go warga,diurus nang bocah nom-noman,regane lewih murah kang warung-warung,kusus adol beras karo lenga jawa thok.
Desa subur wis mulai subur,ketambahan Luraeh karo baune,CARIKE rt/rw rajin ngingsi langgar,warga sing maune mung ngintip ya dadi melu-melu ngaji,Alhamdulillah...
desa subur bener2 subur,kuwe kabeh karena Luraeh bersih,karo kerja samane carike,baune lan RT/RW.

10 comments:

  1. baune inyong siki ben mareni, apa enggane tumini bar dolan njati yach ?

    ReplyDelete
  2. kayane luh hehehe,kesuwn lik,wis dolan :)
    blajaran kiye hihi

    ReplyDelete
  3. Baune Jagung sih bau maryo apa yah.. :D

    ReplyDelete
  4. kie bocah luh ngintilan banget....

    ReplyDelete
  5. apa apa genah piwe komendane. mulane ngesuk grontol kon dadi bupati bae men mandan genah negarane..

    ReplyDelete
  6. stuju kang Rawins,

    http://www.purbalingga.co.cc

    ReplyDelete
  7. ya setuju kang rawins.. kue grontol kon njabat.. aja tanggung2 president bae hehe

    ReplyDelete
  8. kang ady... kayane luh..

    kang grontol... wis biasa nginthilan.. hehe

    ReplyDelete
  9. jan ... kayongen kepenak temen kuwe koh .. desane subur ... makmur ...

    ReplyDelete
  10. Angger Pemimpine bener2 aweh conto sing apik ya rakyate Insya Allah pada melu. Angger ora melu mbok ya isin mbok?

    ReplyDelete